AKU DURUNG KALAH
Ngadeg neng tlampik omah pancen
dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan nalika srengenge meh angslup.
Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur renteng-renteng neng langit sing
wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan dikebaki
karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit.
Mung siji kuwi sing bisa gawe
ilange rasa sayah sak wise nyambut gawe sedina ngrampungake tugas-tugas kantor
sing kaya-kaya ora ana lerene. Mengko sedhela mesti bakal keprungu swara
mbrenginging saka dalan ngarep omah ning komplek perumahanku. Pak Wiryo, bakul
puthu bumbung nyurung grobage, mlaku alon saka kidul. Yen wis tekan ngarep
omahku mesti mandheg karo cluluk “Puthu Mas ”. Aku banjur mbukak pager, mangan
puthu karo lungguh ing buk ngarep omah. Pak Wiryo uga mandheg, ngladeni wong-wong
ing komplek perumahan sing padha tuku puthu bumbung.
Pak Wiryo padha karo aku.
Padha-padha wong sing nyoba golek panguripan ing kutha kene, sing jarene nggon
duwit. Mung bedane, aku bisa tuku omah, duwe rodha papat gaweyan Jepang modhel
sing paling keri dhewe, nyambut gawe ning kantor sing ruwangane adhem.
Pak Wiryo crita, yen omahe ana
ing mburi lapangan golf. Saben esuk lan sore nalika mangkat lan mulih saka
kantor aku mesthi ngliwati tugu gedhe. Ngisor tugu kuwi ana dalan sing dawane
watara rong kilonan tumuju menyang lapangan golf. Aku pancen durung nate weruh.
Nanging aku bisa mengerteni yen omahe Pak Wiryo mesthi sawijining kampung
nempel karo tembok pager lapangan golf. Ora bisa diselaki yen
panggonan-panggonan ngono kuwi bisa nekakna dhuwit yen digarap dening investor.
Kompleks sandhinge panggonane Pak Wiryo wis digusur arep kanggo ngambakna
lapangan golf. Wong-wong diwenehi ganti rugi sak cukupe (jenenge wae ganti
rugi, mesti ya sak cukupe). Coba yen jenenge diganti ‘ganti untung’. Mula akeh
wong-wong kampung kana sing ora sarujuk karo pembebasan tanah kuwi.
“Krungu-krungu jare lapangan golf
arep diambakna Pak?” Pak Wiryo mung mesem krungu pitakonku, sajake wis ngerti
apa karepku. Aku mbacutake takon maneh.
“Lah yen lapangane diambakna,
terus kampunge sampeyan digusur piye Pak?”
“Nggih kersane napa ingkang
kedadosan mangke, Mas. Digusur nggih pindah, wong pancen mboten gadhahane.”
Pak Wiryo terus ngladeni wong
tuku. Aku mangan puthu sing mung kari siji ning tanganku. Aku gumun dene Pak
Wiryo yen ngomong karo aku nganggo basa alus. Mangka Pak Wiryo umure ora beda
adoh saka bapakku Nalika aku pisanan tuku puthu banjur dadi langganan, Pak
Wiryo malah rikuh aku ngomong nganggo basa alus. Karepku mono ngajeni wong
tuwa, kaya sing diajarake bapakku, yen aku kudu ngajeni wong sing umure luwih
tuwa, sapa wae kuwi.
“Panjenengan niku lho Mas, wong priyayi ageng
kok ndadak basa lho kalih kula.”
Oalah, donya kuwi jebule pancen
isih mbedakna drajat, pangkat lan donya. Mula saka kuwi aku duwe panemu yen aku
klebu wong begja. Lair ning kluwarga sing ana lan bisa ngrasakna kamukten urip.
Sanajan ora nganti sugih mblegedhu, nanging sakora-orane yen kepengin apa-apa
bisa keturutan.
Nanging wong sing kaya Pak Wiryo,
menawa biyen bisa milih, mesti ora kepengin lair neng donya dadi wong sing kudu
nyambung urip kanthi rekasa. Kaya-kaya kasunyatan kuwi gelem ora gelem kudu
diadhepi.
Sejatine miturut panemuku, mbuh
kuwi bener mbuh ora, kasunyatan sing kaya ngana kuwi wis digarisna dening sing Maha
Kuwasa supaya urip ing donya bisa laras. Sing gedhe nulung sing cilik, sing
kuwat mbiyantu sing ora kuwat. Nanging kaya apa sing kedadeyan? Ing jaman saiki
sing dumadi, sing gedhe mangan sing cilik. Sing kuwat ngidak-idak sing
kesrakaat. Donya, pangkat lan drajat sing dadi ukuraning urip.
Pak Wiryo, lan wong-wong sing
manggon ning mburi lapangan golf sing kudu minggir amarga dianggep ora ana
maneh nilai ekonomise kanggo pembangunan kutha. Nanging wong kaya Pak Wiryo
arep ngapa? Bisa apa? Ora ana sing dinggo ngomong sora nalika ganti rugi sing
ditampa kuwi, ajine ora sepiraa.
“Pak, wong puthune sampeyan enak.
Piye yen tak silihi modhal, terus gawe home industri, puthune diwenehi cap
terus didol nyang supermarket?”
“Wah, mangke yen kula mboten ider
mriki malih, njenengan kangelan ndadak pados puthu teng supermarket,” Pak Wiryo
ngguyu latah-latah.
“Kula ngaten mawon sampun rumaos
cekap kok Mas. Sing penting saged damel urip lan nyekolahke anak. Wong kula
niku nggih mboten gadhah warisan napa-napa kangge anak kula. Sak mboten-botene,
nek kula dadi bakul puthu, anake kula nggih sampun ngantos kados bapake.”
Biyen aku nate nawani Pak Wiryo,
supaya anake nyambut gawe neng pabrik nggonku. Kebeneran nalika kuwi unitku
butuh karyawan anyar. Aku malah ngomong yen anake mesti ditampa, awit sing
nggawa aku. Ora usah gawe lamaran. Karepku nulung Pak Wiryo, tinimbang anake
nganggur.
“Golek gaweyan saiki angel lho
Pak.”
“Wong tiyange tesih sekolah kok
Mas.”
“Rak wis lulus SMA ta?”
“Lha nyuwun kuliah niku Mas.
Ning, niki jarene mpun ajeng nulis napa… niku, skripsi napa,… Duka napa
jenenge. Pokoke mpun meh rampung…kantun setunggal niku.” Skripsi? Anake Pak
Wiryo kuliah? Apa kuwat Pak Wiryo nguliahake anake? Kuwi mung tak batin wae.
Kuwatir yen Pak Wiryo mengko tersinggung.
Wis meh rong minggu iki ora
keprungu swara mbrenginging, saka grobag puthune Pak Wiryo. Aku ora ngerti kena
apa Pak Wiryo ora katon liwat ning dalan ngarep omahku. Apa Pak Wiryo lara? Apa
omahe digusur? Kaya ana sing kongkon, aku noleh kiwa dalan.
Sore kuwi aku nembe mulih saka
kantor. Aku ngerem mobil ndadak. Ora maelu kendaraan-kendaraan ning mburiku
sing padha ngunekna klakson. Stir dak buwang mengiwa menggok mlebu ning jurusan
lapangan golf. Ning sawijining gang aku mandeg. Kepeksa mudhun saka mobil awit
dalane ora bisa diliwati mobil. Aku mlaku saurute pager sisih njaba lapangan
golf sing durung rampung digarap kuwi.
Aku yakin, dalan kuwi sing saben
dina diliwati Pak Wiryo. Nyawang mengarep. Rodha-rodha traktor nggiles
ngratakna lemah. Akeh wong nganggo helm kuning. Ning panggonan liya, ora adoh
saka kana, ana wong-wong padha nglumpukna kayu-kayu tilas omah, seng lan
barang-barang liyane sing isih bisa dienggo. Aku ora ngerti apa wong-owong kuwi
sing duwe omah sing digusur apa mung pemulung sing nggoleki barang-barang
tilas. Sing tak ngerteni, kampung kuwi wis rata karo lemah. Lan omahe Pak Wiryo
mesti klebu salah sijine omah sing dadi mangsane buldoser.
Srengenge manglung mengulon.
Alon-alon aku ninggalake papan panggonan kana. Perusahaanku ya duwe buldoser
kaya ngana kuwi.
Kelingan karo Pak Wiryo, karo
wong-wong sing mung bisa nyawang omahe diratakna karo lemah. Wong-wong sing
kalah dening ukeling jaman. Kalah karo panguwasane dhuwit. Wong-wong sing
kanggo tumbal modernisasi lan kapitalisme. Apa kemajuwan jaman kudu mesti ana
sing dikurbanake? Aku kelingan, atasanku wingi uga ngomong, yen sawah mburi
pabrik duweke penduduk wis dibebaske arep dinggo mbangun unit anyar.
Srengenge mbranang ing langit
sisih kulon. Manuk-manuk mulih menyang susuhe. Cagak-cagak listrik,
gedhung-gedhung tingkat njenggereng mandeng langit. Layangane bocah-bocah cilik
jogedan sajak ngece. Sore kuwi, kaya biasane aku ngadeg neng ngarep omah.
Nanging wis ora ana maneh swarane mbrenginging saka grobage Pak Wiryo. Wingi
aku krungu kabar yen Pak Wiryo digawa anake menyang Batam. Anak sing nate tak
tawani gaweyan biyen, wis lulus kuliah. Cumclaude! Dheweke dijaluk sawijining
perusahaan Singapura ing Batam. Aku kelingan marang apa sing nate diomongna Pak
Wiryo: “Yen nyawane kula tesih kanthil teng raga Mas, kula dereng kalah….”
0 Response to "Contoh Cerkak"
Posting Komentar